PANTUN BUAT BAPAK DAN IBU GURU

*Pantun Kanggo bopo ibu Guru*
🙏💐

Tangi turu ngombe sak gelas
Dadi guru ayo pada sing ikhlas.

Mecahi watu nganggo palu
Budhal jam pitu mulih jam telu

Nang nggon kepuh arep tuku dipan
Budhal gupuh2 gak kober sarapan.

Gak ana korek malih nggawa senter
Mulang arek2 supaya dadi pinter.

Tahun ajaran baru akeh sing masang banner
Dadi wong ben gk keliru, weruh endi sing salah endi sing bener.

Tuku sega iwake sepat
Mugo2 ilmune manfaat.

Anake turu ibune keluyuran
Enake dadi guru
murid Soleh oleh ganjaran.


Iwak bethik sambele terasi
Tapi nek salah tithik dilaporne polisi.

Turu nang omahe pak Soleh disuguhi  bayem
Guru sak iki bayarane akeh atine ayem.

Tempene Khair dipangan ulo
Nek TPP ne ora cair ojok ngersulo

Budal derep liwat Semampir
Ojo diarep-arep ngko ujug-ujug lak cair...
Hahaha..👆

_Amiinn.........._ 🙏💐😃🌷☕😘